(16/10/2025) - Kamis, 16 Oktober 2025 SMP Negeri 4 Prambanan minangka salah sawijining sekolah sing aktif nguri-uri kabudayan Jawa, mliginipun ing babagan Seni Karawitan. Salah sawijining wujud utamanipun yaiku, dipunwontenake latihan rutin karawitan ingkang manggon ana ing Omah Literasi Sambirejo, yaiku papan sinau, saha papan pangembangan bakat siswa sing ana ing Kalurahan Sambirejo. Kegiyatan sakmenika boten namung nyinau babagan seni, ananing ugi dados sarana kangge nguatake raos guyub lan katresnan marang budaya jawa.
Gladhen karawitan iki lumaksana saben dinten Kemis sore, sabibaripun jam pelajaran. Para siswa ingkang tumut gladhen yaiku anggota ekstrakurikuler karawitan. Dipundhampingi kaliyan Ibu Kepala Sekolah, yaiku Ibu Purwanti, S.Pd, M.Pd., saha Ibu Sindi Novitasari minangka guru Basa Jawa. Pelatihipun yaiku Bapak M. Mudjono, saha Ibu Watik Swastiningsih. Gladhen karawitan iki lumaku kanthi tertib lan nyenengake. Para siswa padha gladhen kanthi semangat, nggawa niat kanggo sinau uga nambah katrampilane. Ana ing gladhen karawitan iki, para siswa dipunparingi piwulang babagan cara nuthuk gamelan, ngenali swara saben ricikan, saha nglatih kekompakan antar anggota. Kejaba gladhen teknik, karawitan sakmeiga uga bisa kangge nggladhi disiplin lan rasa tanggung jawab.
Gladhen rutin karawitan sakmenika dados bukti menawi SMP Negeri 4 Prambanan mboten namung nyinaoni ilmu umum, ananging uga ngugemi nilai-nilai kabudayan. Mugi-mugi, kanthi gladhen ingkang ajeg lan semangat saking para siswa, seni karawitan bakal tetep lestari uga digandrungi dening generasi enem wonten ing jaman punika. [SIN]
